ATUR PANUWUN Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Nuwun, Kanti ngunjukaken raos pujo lan puji syukur almandulillah saha tansah nyuwun lumunturing sih rohmat saha berkah saking gusti Allah SWT, mugi dipun parengaken angen kulo badhe hanetepi darmaning asepuh hangemah – emahaken anak kulo pambanjeng, inggih pun :
ANNA YULIANAWATI.K
DHAUP KALIAN
LANGGENG PURWOKO
Inggih awit saking puniko sadereng lan sasampunipun keparengo kulo sakulowargo nyuwun agunging pangapunten dene kumowatun ngawuhaken panjenengan, ingkang tundhonipun kulo suwuni sih pitulungan mugi kerso paring seserepan, iguh ratikel saha sanes-sanesipun, angen kulo badhe hamengku dhamel benjing ing dinten : Sabtu Pon suryo kaping : 22 Desember 2007 wanci tabuh : 10.00 WIB mapan ing gedung “ Mekar Kusuma “ Yosodipuro No 72 Solo . Awet Kulo Saestu ngumaosi cupet ing samukawisipun, ingkang puniko kulo ngaturaken agunging panuwun . Salajengipun keparengo panjenengan kulo suwun dados panitya pahargyan tasyakuran penganten wiwit puwo ngantos wusananing dhamel anggen kulo miwoho ngemah – emahaken anak kulo kasebat ing nginggil. Mboten sanes sadoyo kala wau kanti panyuwunan saha panggajap sagedho lancak sae, wilujeng ing sadayanipun saha mboten sanget-sanget sarudinulu ing ngakatah . Ingkang puniko mugi wonteno kalonggaran panjenengan saha tansah pikantuko ridho saking gusti Allah SWT . Amien , Ya Robbal Alamin .
Wassalamu’alaikum Warrohmatullohi Wabarakatuh .
Badran, 9 Desember 2007
Atur Kulo Kekalih
Sugiarno
DHAPUKANING PANITIA
1. Ingkang Hamangku Gati ………………
2. Paran Poro ……………………………. .
3. Pangarso ……………………………… .
4. Panitera ……………………………….. .
5. Kahartakan ……………………………..
1. Pambiyoworo …………………………..
2. Dekorasi ………………………………..
3. Domomentasi …………………………..
4. Paes / Juru Rias …………………………
5. Mijilaken Penganten ……………………
6. Ingkang Pranoto Lampahing …………… .
Panganten Mlebet Ing Gedung ………… .
7. Ingakang Maos Ayat Suci Al – Qur’an….
8. Ingkang Mratitisaken ……………………
Sungkeman Soho Nglolos Dhuwung ……
9. Atur Pambagyoharjo …………………….
Kaapit dening …………………………… .
10. Ingkang jumenengaken penganten,
Romo Ibu, soho Besan Ing Pambagyoharjo ……………………………
11. Ingkang maosaken doa ……………………
12. Ingkang nyamektaken sindur Saha toyo wening penganten ………………
13. Mratitisaken Foto / dukumentasi …………..
14. Paring Dhawuh medaling pasugatan ………. Ketering
15. Pengawas pasugatan kagem ingkang nembe rawuh ……………………………….
16. Keamanan tali kasih
17. Ingkang Tanggel jawab Beto wangsol tali kasih .
18. Ingkang mapak penganten Bilih sasono sampun samekto ……………..
19. Ingkang Mratitisaken titihan,Kendaraan saking ndalem dating Gedung kagem poro among tamu …………..
20. Ingkang njagi kamar pengenten …………….
21. Urusan pasugatan soho sinoman ……………
22. Ingkang ngaturaken serat ulem ……………..
23. Patah sakembaran …………………………..
24. Ingkang nenggo buku tamu ………………..
25. Poro among tamu ……………………
26. Ingkang hanyepuhi poro Among tamu ( Koordinator ) ………..
. Catetan : Poro among tamu kasuwun mawi ageman jawi lengkap warni jemeng kegem ibu mawi kerudung.
You must be logged in to post a comment.
Walah, kaya budaya Jawa di sini.
Komentar oleh atapsenja — Januari 17, 2008 @ 3:12 pm
aq pusing mbacanya.. bhsnya jawi bgt
Komentar oleh mutina — Januari 26, 2008 @ 8:40 am
wuaaa….wong solo ki\
Komentar oleh fauzansigma — Januari 28, 2008 @ 6:15 pm